KAWRUH CERKAK
(CERKAK)
A.
Pangertosan Cerkak
Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak “Cerkak”, punika
salah satunggaling wujud prosa naratif fiktif. Amargi cekakipun cerkak-cerkak
ingkang sukses ngandelaken teknik-teknik sastra kados dene tokoh, plot,
tema, basa saha insightkanthi langkung wiyar tinimbang
karya fiksi ingkang langkung panjang.
Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking
tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur.
Cerita cekak limrahipun kirang kompleks tinimbang
novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun namung kadadosan saking
setunggal pragmen/adegan, gadhah setunggal plot utawi alur,
setting ingkang tunggal, cacahing para ugi winates, cakupan wekdalipun ugi
cekak. Menawi kawujudaken cariyos ingkang langsung wiyar, cariyosipun gadhah
suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika Eksposisi (ingkang
nglantaraken setting, wekdal saha paraga baku), Komplikasi (kadadosan
ing salebeting cariyos ingkang nepangaken konflik), krisis (wekdal
ingkang nemtokaken paraga baku anggenipun tumindak rikala ngadhepi konflik),
klimaks (punjering cariyos ingkang dados perangan ingkang wigati
piyambak), lan wasana (peranganing cariyos rikala konflik saged
karampungaken).
B.
Unsur-unsur Cerkak
Cerkak nggadhahi kalih unsur, inggih punika :
1. Unsur Instrinsik
Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing
salebeting cerkak piyambak. Ingkang kaleber unsur intrinsic inggih punika :
a. Tema inggih punika underaning cariyos
ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning cariyos.
b. Latar inggih punika panggenan, wekdal,
swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak. Cariyos punika kedah cetha,
wonten pundi kadadosanipun, wekdal kadadosanipun saha swasana sarta kawontenan
rikala kadadosan kasebat kalampahan.
c. Alur (plot) inggih punika reroncening
kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos. Alur kaperang dados 3 inggih
punika :
1) Alur maju inggih punika reroncening
kadadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning wekdal kadadosan ingkang
wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
2) Alur mundur inggih punika
reroncening kadadosan ingkang urutanipun kadadosan boten miturut urutan wekdal
kadadosan utawi cariyos ingkang lampahipun mundur.
3) Alur campuran inggih punika campuran
antawisipun alur maju kaliyan alur mundur.
Alur kaperang dados pinten-pinten tataran, inggih punika :
1) Pangantar inggih punika perangan cariyos
ingkang awujud gegambaran wekdal, panggenan saha kadadosan ingkang wonten ing
wiwitanipun cariyos.
2) Wiwitaning perkawis inggih punika
peranganing cariyos ingkang minangka gegambaran prekawis ingkang dipunadhepi
dening paraga cariyos.
3) Klimaks inggih punika prekawis ingkang wonten ing cariyos
ingkang minangka undering cariyos.
4) Anti klimaks inggih punika prekawis sekedhik
mbaka sekedhik sampun saged dipunlampahi, raos sumelang ugi sampun wiwit ical.
5) Resolusi inggih punika prekawis sampun saged
karampungaken.
d. Watak inggih punika gegambaran watak utawa
karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos, bab watak punika saged
dipuntingali saking tigang aspek inggih punika :
1) Pacelathon paraga
2) Gegambaraning paraga
3) Gegambaraning blegeripun paraga
Kangge gambaraken watak wantuning setunggaling paraga,
panyerat limrahipun ngginakaken teknik :
1) Teknik analitik, watak wantuning paraga kagambaraken
kanthi langsung dening panyerat.
2) Teknik dramatik, watak wantuning paraga kagambaraken
kanthi :
a) Nggambaraken bab badan saha tindak
tandukipun
b) Nggambaraken lingkungan gesangipun
paraga
c) Basa ingkang kaginakaken paraga
d) Cara anggenipun mikir saking paraga
e) Cara wontenipun paraga sanes
e. Nilai (amanat)/ piwulang luhur inggih punika piweling ingkang
badhe kaaturaken dening panganggit lumantar cariyos utawi piwulang ingkang
badhe kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun mais cariyos dening
panyerat.
f. Cara panyerat nyariosaken (sudut
pandang) inggih
punika kalenggahanipun panyerat rikala nyariosaken. Sudut pandang punika
wosipun kapantha dados kalih, inggih punika :
1) Minangka tiyang ingkang kapisan,
panyerat ndherek minangka paraga ing cariyos ingkang kacariyosaken.
2) Minangka tiyang kaping tiga,
panyerat minangka dhalang ing cariyosipun.
g. Gaya bahasa/lelewaning basa
2. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika unsur-unsur ingkang
wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging gadhah pangaribawa ingkang boten
langsung ing cariyos punika. Unsur ekstrinsik punika :
a. Nilai-nilai ing salebetipun cariyos
(agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b. Latar belakang gesangipun panganggit.
c. Kahanan sosial rikala cariyos
dipundamel.
Nemtokaken punapa ingkang saged dipundadosaken titikan
anggenipun milih cerkak saking wujud cariyos fiksi sanesipun ingkang langkung
panjang taksih dados pirembagan para sastrawan. Salah satunggaling teges saking
cerkak inggih punika kedah saged dipunwaos ngantos rampung ing satunggaling
wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges-teges sanesipun nyebutake cekak saha
panjangipun saged katingal saking cacahipun tembung-tembungipun inggih punika
7.500 tembung.
C. Caranipun Damel Cerkak
1. Angen-angen pengalaman ingkang
sampun kalampahan. Lajeng pados tema ingkang trep kaliyan pemanggihipun
piyambak.
2. Damel cengkorongan (kerangka)
cerkak.
3. Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
4. Ingkang perlu dipungatosaken inggih
punika :
a. Kedah wonten prekawis
b. Wonten permasalahanipun (konflik)
c. Wonten endingipun (anti klimak)
D. Bedanipun cerkak kaliyan novel
|
No
|
Cerkak
|
Novel
|
|
1
|
Cariyosipun
cekak
|
Cariyosipun
dawa
|
|
2
|
Perkawis
ingkang dicariyosaken setunggal
|
Perkawis
ingkang dicariyosaken luwih saking setunggal
|
|
3
|
Cacahipun
paraga sekedhik/winates
|
Cacahipun
paraga kathah
|
|
4
|
Cacahing
tembung antara 1.000-20.000
|
Cacahipun
tembung luwing saka 20.000
|
E. Tuladha
Melu LCC
Nang
dina sabtu pas mulih sekolah ana pengumuman babagan arep dianakne LCC utawa
“Lomba Cerdas Cermat”, sing arep dianakne dina senin lan panggone neng lantai
dhuwur.
Ana ing cerkak bahasa jawa iki dikisahke Faiz lan kancane ana neng kelas lan ngrungokake pengumuman kuwi,
“Faiz, kepiye miturut kowe, kowe arep meloni lomba kuwi ora?” Dafa ngesem,
“Miturutku sih lomba kesebut menarik uga sih”, kondho Faiz sing banjur mlaku nuju kancane “Dafa, kepiye yen kowe melu lomba kuwi?, ya ora kanca-kanca”, Dafa lan Faiz lungguh “iya aku lan Mia setuju karo usulan Dafa kuwi”, Lisa lan Mia njawab barengan
“Ehmm, yawis lah aku tak melu lomba kuwi”, Faiz ngesem
“Nah
ngunu, kuwi lagi kancane awake dhewe”, Dafa ndeleng Faiz “Eh kanca-kanca awake
dhewe menyang perpustakaan yo”, Faiz ngajak kabeh kancane “iya yo aku uga
pengen maca buku”, kabeh kancane njawab karo barengan.
Faiz lan kabeh kancane menyang perpustakaan sekolah, neng tengah dalan Reza pengen lunga menyang toilet “eh Anis aku arep menyang toilat sedhela ya, aku wis ora kuwawa ki” Reza jaluk izin marang Anis “haha, iya cepet menyang toilet kana” Anis nggumuyokake Reza “nuwun ya”, Reza mlayu karo cepet nuju toilet, banjur Faiz lan kancane lunga menyang perpustakaan meneh “akhire nganti uga neng perpustakaan”, kondho Dafa marang kancane kabeh lan dheweke banjur nggoleki buku-buku sing pengen diwaca “Anis, yen kowe arep nggoleki buku, kowe dhisikan ae soale aku pengen nggoleki buku cerito dhisik”, Faiz mlaku nggoleki-golek buku sing lagi digoleki “iya aku uga pengen nggoleki buku Matematika”, Anis nuli ngesem lan Dina, ngira uga nggoleki-golek buku cerita bahasa jawa kanthi tema pendidikan sekolah dan persahabatan.

Reza
sing mau menyang toilet mau banjur bali menyang perpustakaan meneh, neng tengah
dalan dheweke ndeleng cah wedok sing ayu lan wedok kuwi nuli nyeluke “Heh
Reza cepet mrene”, Reza nuju bocah wedok kesebut “ana apa?, kok kowe reti
jenengku?”, Reza bingung “aku wis reti jeneng mu saka Faiz”, cah wado kuwi
njawab kanthi bahasa jawa cekak“oh ngunuh to, jeneng mu sapa?”,
Reza ngesem marang Bela “jenengku Bela”, wedok kuwi ngesem uga “kowe kelas pira
Bela?”, takon Reza karo isin-isin.
“Aku kelas VII, kowe mau arep nengendi?”, Bela kuwi ngesem meneh “ouh iya aku lali, saiki aku arep menyang perpustakaan lan kanca-kanca ku wis nunggu aku ket mau, aku arep menyang perpustakaan dhisik ya Bela”, Reza banjur mlayu nuju perpustakaan “iya”, Bela ngesem.
Reza wis tekan neng perpustakaan lan dheweke nggoleki kancane. Nuli dheweke ndeleng Dafa lan Faiz lagi maca buku “Dafa, Faiz cepet mrene, sedhela meneh wis jam 15.00 ki!”, Reza nyeluk karo mlaku nuju dekne kabeh “yo awake dhewe nggoleki sing liyane”, Reza kemrungsung.

“Anis
yo awake dhewe mulih ayo, wis sore ki!” Nuli Anis mulih bareng kanca sing
liyane kajaba Faiz lan Dafa ora mulih bareng dekne kabeh, amarga arah omahe
beda. Nang bengi dina Faiz njaga-jaga kanggo nyiapake lomba sing arep dianakne
nang dina senin kuwi, ora krasa saiki wis jam 9 (songo) mbengi wayahe dheweke
kanggo turu.
Nang dina senin Faiz deg-degan amarga dheweke arep melu lomba saiki, karo rai sing kuwatir lan radha PD dheweke mangkat menyang sekolah. Ora krasa dheweke wis ketuk ana sekolahan, radha suwe banjur teka kancane lan dekne kabeh nyedhaki “Faiz saiki kowe wis siap durung kanggo ngalahke mungsuh sekolah liya?” Kancane pitakon marang Faiz “Iya Insyaallah aku wis siyap”, dheweke ngesem .
“Apik yen ngono mesti kowe bakal dadi juara”, Dafa celatu sing ditulis ing cerita bahasa jawa iki.
“ Yo awake dhewe munggah menyang lantai ndhuwur kanggo siap-siap!”, Faiz lan kancane lunga menyang lantai ndhuwur .

“Iya cepet yuh sadurung telat”, Dafa katon semangat banget
Faiz lan kancane wis ketuk neng lantai ndhuwur, nuli wilda mlaku menyang arah palungguhane kanggo siap-siap “semangat yo Faiz”, kancane menehake semangat marang dheweke, karo wayah sing terus mlaku ora krasa lomba iki kawiwitan.
Faiz kanthi yakin ngerjakne tugas sing akeh kuwi, ora krasa wayah wis kari 5 (limang) menit meneh, lan Faiz wis ugo meh ngrampungke soal-soal ana lomba kuwi. Sanajan dheweke ngadhepi soal sing angel ning dheweke ora nyerah, guru-guru lan kanca-kancane kabeh menehi motivasi marang dheweke, wayah wis entek lan Faiz uga wis ngrampungke kabeh soal sing akeh kuwi.
Kanthi
rai sing bungah dheweke ora ngira bisa nutugake soal lomba. Wayah sing gawe
deg-degan iki wis kliwat, amarga saiki wektune kanggo meruhi sapa pemenang saka
lomba cerdas cermat kuwi.
Pemenang saka lomba cerdas cermat akhire diumumke, lan kaya sik wis pada dikarepke pemenang saka lomba cerdas cermat nang dina iki yaiku Faiz, sakwise dheweke dadi juara dheweke banjur bersyukur lan ngucapke panuwun marang kabehe sing wis menehake semangat marang dheweke. Lan akhire dheweke dikenal dadi anak sing cerdas ugo pinter neng sekolahne.

Pustaka :
http://muhammadalifinsetiaji.blogspot.co.id/2014/09/contoh-cerkak-beserta-unsur-intrinsik.html
LKS Bahasa Jawa Kelas
XI Semester 2

Komentar
Posting Komentar