KAWRUH GAMELAN LAN UYON-UYON
A. GAMELAN
Lancaran Gugur Gunung, Laras Pelog Pethet Barang
Gamelan miturut Baoesastra Djawa
W.J.S Poerwadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane akeh banget.
Bahan ingkang biasane dinggo gawe gamelan arup perunggu utawa gangsa (campuran
tembaga lan timahsari), kuningan saha barut (wesi lan plat).
Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawayaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh".Isi gamelan
iku saprangkat piranti
musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka
klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah
liyané.Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan
gadhah jenis miturut daerah asal, yaiku :
1. Gamelan Jawa
Gamelan Jawa gadhah nada luwih
lembut lan ngagem tempo luwih alon
2. Gamelan Sundha
Gamelan Sundha musike mendayu-dayu lan didominasi swara
suling
3. Gamelan Bali
Gamelan Bali gadhah tempo luwih
cepet
Gamelan ingkang
komplit gadhah 2 laras, inggih punika :
1. Laras Slendro
Laras slendro gadhah 5 nada, inggih
punika 1 2 3 5 6 kanthi interval kang padha
2. Laras Pelog
Laras pelog gadhah 7 nada, inggih
punika 1 2 3 4 5 6 7
· Laras inggih punika swara kang ajeg
dhuwure, ora owah, kasebut uga nada.
· Laras slendro (Sl.) inggih punika
sistem nada kang manut cendhak-dhuwure lan interval saka gamelan slendro
· Laras pelog (Pl.) inggih punika
sistem nada kang manut cendhak-dhuwure lan interval saka gamelan pelog
· Titi laras inggih punika notasi nada
kang ditulis manut sistemnada laras lan pathete
· Pathet (Pt.) inggih punika ukuran
cendhek-dhuwuring laras, minangka wates wilayah nada
a. Pathet ing laras slendro iku
antarane, pathet nem (6), pathet sanga (9), lan pathet manyura (Myr)
b. Pathet ing laras pelog iku antarane,
pathet lima (5), pathet nem (6), lan pathet barang (Br.)
Rericikan gamelan :
a. Kendhang
Yaiku piranti gamelan kang ditabuh
nganggo kombinasi antara tlapakan lan driji (digebug). Jinising kendhang :
· Kendhang Gendhing/Kendhang Ageng
Kendhang ingkang
paling gedhe ukurane. Ngasilake swara kang cendhek dewe tinimbang
kendhang liyane.
· Kendhang Wayangan/Kendhang Sabet
utawa Kosek
Kendhang
sing duwe ukuran sedang. Ngasilake swara kang luwih dhuwur tinimbang kendhang
ageng.
· Kendhang Batangan/Kendhang Ciblon.
Kendhang sing duwe ukuran sedang. Biasane
ditabuh kanggo ngiringi tari/jogged lan gendhing.
· Kendhang Ketipung
Kendhang kang cilik dhewe lan ngasilake swara
paling dhuwur dibanding kendhang liyane.
b. Bedhug
c. Tambur
2. Wujud wilahan
Cara nabuhipun yaiku dithuthuk
a.
Gender
− Didamel saking pring lan wesi tipis
− Wonten 2 jenis: a. Gender Barung
b. Gender Penerus
− Tabuh gender sinebat bendha
b. Slenthem
c. Gambang
− Ukuran wilahan gambang udakara 29 cm
nganti 58 cm
− Tabuh gambang ugi sinebat bendha
d. Saron
− Yaiku perangkat gamelan wujud
wilahan logam kang kasusun sandhuwure rancakan kayu
− Wonten 3 jinis saron :
· Saron Demung (paling ageng
ukuranipun)
· Saron Barung/Ricik (ukuranipun
antara demung lan peking)
· Saron Penerus/Peking (ukuranipun
paling alit, paling dhuwur swantenipun)
3. Wujud wilahan pencon
Cara nabuhipun yaiku dithuthuk
a. Slentho
b. Gong Kemodhong
c. Kecer
4. Wujud pencon
Cara nabuhipun yaiku dithuthuk
a. Bonang
− Wonten 3 jinis :
· Bonang Panembung (ukuranipun paling
ageng)
· Bonang Barung (ukuranipun
tengah-tengah, kangge mbukani gendhing)
· Bonang Penerus (ukuranipun paling
alit.
b. Kethuk lan Kempyang
− Pigunanipun kangge tandha ajeging
wirama (pamengku wirama) saha nedahaken jinising gendhing (lancaran,
ladrang,ketawang, lsp)
− Tabuhipun sinebat bindi
c. Kenong
− Tumrap saprangkat gamelan ingkang
tumbuk laras 6, cacahing kenong padhatan 10 pencon : 1s, 2s, 3s, 5s, 6sp, 1p,
2p, 3p, 5p, 7p.
d. Kempul
− Wujud pencon ingkang digantung ing
gayor ngagem pluntur
− Tabuhipun sineba gembel
− Saprangkat gangsa tumbuk laras 6,
kempul cacah 10, yaiku laras : 1s, 2s, 3s, 5s, 6sp, 1p, 2p, 3p, 5p, 7p.
e. Gong
− Gadhah 2 jinis :
Paling ageng diametere, gadhah nada paling cendhek dibanding swara gamelan
liyanipun, ditabuh kangge tandha akhir gendhing kang umum diarani gongan,
tinabuhe sinebat gembel
· Gong Suwukan
Ukuranipun luwih cilik
tinimbang gong ageng, gadhah nada luwih dhuwur tinimbang gong ageng, tabuhipun
sinebat gembel
5. Wujud kawatan
a. Rebab
− Dipun damel saking kajeng utawi
gadhing, membrane, saha kawat
− Cara nabuhipun yaiku digesek
b. Siter
c. Celempung
− Dipun damel saking kajeng saha kawat
− Cara nabuhipun yaiku dipetik
6. Wujud pipa
a. Suling
− Cara ngungelaken yaiku disebul
− Kangge variasi melodi
− Dipun damel saking pring/deling
b. Kemanak
Wujude memper gendhang. Biasane
ditabuh kanggo ngiringi bedhayan.
B. UYON-UYON
Uyon- uyon saking tembung ‘manguyu-uyu’ inggih punika
pasugatan gendhing mirunggan ing adicara pahargyan penganten utawa ing
pagelaran ringgit purwa, inggih punika saderengipun Ki Dhalang miwiti makarya
ndhalang, dipunwastani ‘patalon’.
Tuladhanipun uyon-uyon :
Lancaran Gugur Gunung, Laras Pelog Pethet Barang
Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyane
praja
Kene kene kene kene gugur gunung tandhang
gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro
kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning
Negara
Siji loro telu papat maju papat
papat
Diulang ulungake mesti enggal
rampunge
Holobis kuntul baris Holobis kuntul
baris
Holobis kuntul baris Holobis kuntul
baris
PANGATAG, LARAS PELOG PATHET LEM
Bapakne wanci esuk
Tlaten temen kowe tenguk tenguk
Ngelingono ning pawon kendile ngguling
Lha
iku a rak butuhmu
Isen isen njroning pawon
Iyo
bener kandhamu
Pawon iku dadi kwajibanku
Ning pikiren beras entek bumbu tapis
Yen
ngunu aku seng kujur
Opo sing kudu tak adol
Ojo
keladuk gemblung
Uwong lanang mung kawitan dengkul
Opo seneng yen brayatmu podo klingsir
Mungko aku seneng nganggur
Mangan turu omong kosong
Ambok
welas anakmu
Njalokane ono kebon jembrung
Sregepono olah lemah ditanduri
Aku
njaluk sangu pacul
Tumandhang anggarap kebon
Pustaka :
http://ki-demang.com/galeria/index.php/gambar-gamelan/
http://nikenanggraenik.blogspot.co.id/
Komentar
Posting Komentar